Mangan TONG SENG, wetenge yo ora opo-opo ...
Mangan SEGO KUCING, yo doyan ...
Wong Semarang, mangan GANJEL REL ...
Wong Palembang, mangan KAPAL SELAM ...
Wong Bali, biasa mangan SAYUR PAKU ...
Wong Jogja, mangan BALOK yo tedas ...
Bocah-bocah SD, wis kulina mangan MOLEN ...
Meh kabeh wong Indonesia, yo wis tau mangan BANGKU SEKOLAHAN ben pinter jarene ... Nyatane yo podho selamet lan makmur uripe ...
Wong Jowo, MANGAN BETON yo sehat2 wae wetenge ...
Ngombe kopi karo teh dicampur GULO PASIR, yo sik sehat kok ...
malah ono sing nganggo GULO BATU ...
Sing mangan KETOPRAK yo ono ...
Mangan BAKSO GRANAT lan BAKSO RUDAL, yo eco mawon ...
Mangan KACANG ATOM, yo sehat ... ora mbledhos koyo Hiroshima Nagasaki ...
OSENG-OSENG MERCON, yo podho doyan ...
PUTRI SALJU, yo diemplok ...
RONDO ROYAL, TEMPE KEMUL, yo enak ae ... ora opo-opo ...
SAMBEL SETAN ... Rawon Setan ... Mie Setan ... kabeh jatahe setan dipangan ... nganti setane yo bingung ... arep mangan nganggo sambele sopo ...
Cah cilik-cilik podho seneng mangan KEMBANG GULO lan ENDOG CECAK ... mulo cecak'e podho mumet ora nduwe cemilan maneh ...
Dho seneng mangan PERMEN KARET, nyatane isih tetep podho sehat kabeh ...
Saking rakuse, LIDAH KUCING ya kolu ... piye jal ...
KUPING GAJAH, dinggo camilan ...
BALUNG KUWUK, ya tedhas ...
Mugo-mugo seger kewarasan kabeh ... 😜
(Sumber : Group WA)
Ha ha ha .. hasyeeek :)
No comments:
Post a Comment