Tuesday, 3 May 2016

AKU SIJI, KOWE SIJI

Dagelan jowo ........... Monggo dipun waos ...

"AKU SIJI KOWE SIJI"

Badrun karo Sodron, bengi-bengi peteng ndedet, nyolong jeruk neng kebon. 
Lagi oleh setengah karung, ono kewan asu njegog.
Wong loro kae langsung mlayu banter, wedi selak konangan.

Tekan ngarep Gerbang Kuburan angker, jeruke 2 tibo ngglundung-nglundung.
Tapi ditinggal wae, mergo kesusu arep cepet-cepet ngumpet neng mburi kijing, lha timbang konangan.

Kendel tenan maling-maling iki ....

Kiro-kiro wis aman, Badrun karo Sodron wiwit bagi jeruk hasile maling ..

"Aku siji ...., kowe siji ...."
"Aku siji ...., kowe siji ...."
"Aku siji ...., kowe siji ...."

Ngono terus, nganti ono wong liwat, yoiku Si Paijo.
Paijo kaget, mandeg mrinding krungu swara aneh seko njero kuburan angker ......

"Aku siji ...., kowe siji ...."
"Aku siji ...., kowe siji ...."

Saking wedine, Paijo mlayu marani daleme pak Kyai (sing cedhak kono), lan karo ngos-ngosan, pucet, ndeprok, dengkule meh copot, crito memedi suara sing neng kuburan wingit mau.

Pak Kyai penasaran. Banjur ngajak Paijo neng ngarep Gerbang Kuburan, nanging ora wani mlebu. Paijo gemeter karo cekelan sarunge pak Kyai seko mburi ...

Seko jero kuburan tetep krungu swara :

"Aku siji ...., kowe siji ...."
"Aku siji ...., kowe siji ...."

Paijo : "Pak Kyai, nopo niku suara malaikat itung-itungan nyowo menungso sing sampun dicabut nggih, ajeng dilaporke dumateng gusti sing kuwaos pak Kyai?"
Paijo takon bisik-bisik, gemeter keweden ....

"Mbuh, aku dewe ora paham" jawabe pak Kyai karo rodo mrinding wedi ...

Ora suwe, ono swara maneh seko njero kuburan ....

"Iki wis rampung kabeh, saiki kari 2 neng ngarep Gerbang Kuburan kae arep dijupuk sopo? Kowe opo aku??"

Pak Kyai lan Paijo : "WAAAAAAAA ...... blaik tenaannn .....!!"
Njenggirat kaget saknaliko Pak Kyai lan Paijo mlumpat kalen, mbradat mlayu, keponthal-ponthal nganti sandale keri ..... lan sarunge mlorot ...... 😃👻👻

(Sumber : Group WA)

Blaik tenan .. ora ono sing siyap ..

No comments:

Post a Comment