SEMAR, GARENG, lan BAGONG dolan neng Surabaya tilik PETRUK.
Wong telu kuwi nginep neng Hotel JW Marriott, kamare neng tingkat 45.
Awan nganti bengi wong 3 dolan neng mall, pas balik hotel, tekan lobby .. listrike mati, dadi kudu lewat tangga.
Ben ora krasa olehe munggah, wong 3 bagi-bagi tugas. Saka tingkat 1-15, SEMAR kudu crita sing lucu-lucu, njur saka tingkat 16-30, GARENG kudu crita sing medeni, njur saka tingkat 31-45, BAGONG kudu crita sing sedih-sedih.
Wong 3 mulai munggah, Semar mulai crita lucu-lucu, wong 3 ngguyu-ngguyu ora krasa wis tekan tingkat 15. Banjur Gareng crita sing medeni marai tegang, ngerti-ngerti wong 3 wis tekan tingkat 30.
Giliran Bagong kudu crita. Bagong (ekspresi rupa sedih) "Iki ceritane sedih buanget... Aku sakjane awit mau aku arep crita, tapi wedi nek marai jengkel."
Semar : "Crita-a wae cepet, ra papa .. wis meh tekan tingkat 40!"
Bagong : "Ngene... Lho... Kunci kamar e ketinggalan neng mobil.."
Gareng : "Bagooooooooong... lha ngapa ra crita ket mau?"
Bagong : "Lha aku durung entuk giliran crita!!!☺😳😛
Njur Bagong & Gareng mudhun maneh, meh njupuk kunci kamar.
Semar gandheng wis tuwa ya ora melu.
Tekan ngisor parkiran, ngarep mobil, Gareng ngomong , "Gong, aku ana crita horor kie..."
Bagong,"Horor piye Reng?"
Gareng,"Kunci mobile digawa Semar ..."😂😂😂
(Sumber : Group WA)
Wakakakakaka .. wakakakakkaka .. sampe kebelet pipis :)

No comments:
Post a Comment